TEKS ANEKDOT BASA JAWA


“NYALON”
Ing sawijining griya ana sapasang suami lan istri sing nduweni yoga lanang lan yoga wadon. Keluarga kuwi urip sederhana lan urip bahagyan.
            Saben dina Minggu keluarga kuwi mesti ngumpul ning omah kanggo ngistirahatake awake amarga kesel karo kagiatan saben dinane. Nanging dekne kabeh ora ngentekake wektu sesarengan nanging rebut karo kagiyatane dewe-dewe. Sing bapak ribut maos Koran, sing anak ribut karo dulinane lan ibu milih kanggo ndeleng tv sakwise masak ing pawon.
Si bojo sing lagi ndeleng kabar babagan pemilihan anggota DPRD anyar, ngejak nggunem bojone sing lagi ribut maca koran.
Ibu       :”Pak, kayane enak ya yen nyalon dadi anggota DPRD kaya tangga sisih
awake dhewe, dhuwite akeh, isa tuku montor”.
Bapak :”Hmm”.
Ibu       :”Kuwi lo pak delengen, wong-wong sing nyalon isa mlebu tv, dadi owng sing dikenal wong akeh”(karo nunjuk-nunjuk tv nya).
Bapak  :”Hmm”.
Ibu       :”Piye ya pak yen bapak nyalon dadi anggota DPRD, mesti isa sugih kayata tangga sisih awake dhewe, isa tuku montor mewah, isa mlebu tv uga isa dikenal karo wong akeh”.
Bapak  :”Hmm”.
Ibu       :”Pak, piye yen bapak nyalon wae kayata tangga sisih awake dhewe”.
Bapak  :”Hmm”.
Ibu       :”Paak” (karo nggoyang-nggoyangake tangane bapak).
Bapak  :”Apa to bu” (leren maca sadhela karo ndeleng si bojo).
Ibu       :”Bapak bener arep nyalon kayata tangga sisih awake dhewe?” (pitakone ibu karo nyekel tangan bapak supados leren maca koran).
Bapak  :”Iyawes sakkarepe ibu” (karo bali maca koran).
Ibu       :”Bener pak? ya wis pak yen ngono sesuk awake dhewe lunga menyang kecamatan gawe ngurus kebeh sing dibutuhake” (ibu ngomong karo rasa seneng lan bali ndelok tv).

Sesuke bapak lan ibu wis siap-siap lunga menyang kecamatan kanggo ngurus apa wae sing diperlukake kanggo nyalon dadi anggota DPR. Nanging pas ibu wis siap lunga, bapak moro-moro gerah weteng lan ngongkon ibu kanggo lunga menyang kecamatan dhisikan.
Ibu       :”Ayo pak selak awan iki”.
Bapak  :”Aduh buk, wetenge bapak kok moro-moro lara ya, ibu dhisikan wae lungane, bapak menyang tolilet dhisik” (karo mlayu menyang jeding)
Ibu       :”Yawes pak, ibu budhal dhisik menyang kecamatan ya pak aja suwe-suwe” (karo bengok).

Akhire ibu tekan dhisik ing kecamatan, ibu wis ngenteni bapak nganti setengah jam ning kecamatan, ning bapak ora teka-teka. Amarga kesel ngenteni akhire Ibu mulih kanggo nemoni bapak. Moro-moro ning tengah dalan ibu ketemu bapak karo penampilan sing beda saka sadurunge.
Ibu       :”Loh bapak, kok malah neng kene, kok ora menyang kecamatan? jarene arep nyalon?”.
Bapak  :”Loh iki bapak uwes nyalon neng kecamatan, iki delengen penampilane bapak uwes mirip kaya tangga sisih awake dhewe ta?” (karo nunjukake penampilane sing mirip karo tangga sisih omahe).
Ibu       :”Aduuh bapaaak dudu kuwi karepe ibuu” (karo nepuk bathuke).
Bapak :”Loh jare ibu nyalon kaya tangga sisih awake dhewe to??  lah iki uwes”
(wangsule bapak karo heran).
Ibu       :” Karep ibu kuwi nyalon dadi anggota DPR menyang kecamatan kayata tangga sisih awake dhewe, dudune malah nyalon neng salon cedhak kecamatan bapaaakkk!!”(karo bengok frustasi).
Bapak  : garuk-garuk rambute sing ora gatel.
Ibu       :”Yawis pak awake dhewe mulih wae yen ngene dadine!” (karo merengut lan mlaku mulih dhisiki bapak).
Sakwise tekan neng ngarep omah, Bapak lan ibu ketemu karo bojone tangga sisih sing dadi anggota DPR, dheweke mlaku metu omah karo kesusu-susu.
Ibu                   :”Loh buk arep menyang pundi kok nyusu-nyusu?”
Ibu tangga       :”Iki buk arep jemput bapak neng panjara”.
Ibu                   :”Loh bapak kenapa bu, kok neng panjara?” (karo kaget).
bojo tangga     :” Iku bu kena kasus korupsi ing panggonane kerja kuwi, ya wis buk aku lunga dhisik ya” (langsung lunga tanpa menghiraukan wangsulane ibu).
Ibu                   : menganga.
Bapak              :”Kuwi lo buk delengen bojo tangga sing dadi anggota DPR buyar
neng panjara, untung bapak ora sido nyalon dadi anggota DPR.” (mlebu menyang omah ninggalake ibu neng njaba dhewe).


Komentar

Postingan populer dari blog ini

RESENSI NOVEL MAPS karya RADIN AZKIA

sinopsis my lovely girl episode 2 part 1